Materi 1 : Unggah-Ungguh Basa Jawa
Kelas/ Semester : XII/ Ganjil
Kelas/ Semester : XII/ Ganjil
Basa Jawa tansah
ngugemi unggah-ungguh basa, iki sing mbedakake basa Jawa klawan basa
Liyane. Undha usuk basa Jawa diperang
kaya ing ngisor iki:
1. Basa
Ngoko
a. Ngoko
lugu
Ngoko lugu yaiku basa
ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing
diajakpacaturan.
Penganggone:
- Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina.
- Dienggo ndhuwuran marang andhahan.
- Dienggo wong kang wis tuwa marang sing enom, kayata: wong tuwa marang anake, guru marang muride, eyang marang putune, lan sapanunggalane.
Tuladha:
- Kowe gelem turu kene, Mbak?
- Kowe sesuk apa sida lunga?
- Kowe ditukokake jajan pasar?
b. Ngoko
alus
Ngoko alus yaiku basa
ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diaja
pacaturan.
Penganggone:
- Sedulur enom marang sedulur tuwa.
- Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur.
- Ibu marang bapak sing wis kulina nganggo basa ngoko.
Tuladha:
- Panjenengan kersa sare kene Mbak?
- Panjenengan sesuk apa sida tindak?
- Panjenengan dipundhutake jajan pasar pisan piye?
Pangeling:
Sing dikramakake ing basa ngoko alus
yaiku:
1. Tembung
sesulih purusa II (kata ganti orang ke-2) lan tembung kriya.
2. Tembung
kriya sing dikramakake, ater-ater (awalan) lan panambang (akhiran) tetep ngoko.
2. Basa
Krama
Basa krama
diperang dadi loro, yaiku:
a. Krama
lugu
Basa krama lugu yaiku
basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembung-tembung krama
inggil tumrap wong sing diajak pacaturan.
Penganggone: Marang wong sadrajad sing
durung raket (durung akrab).
Tuladha:
- Sampeyan purun tilem mriki Mbak?
- Sampeyan benjing menapa tamtu kesah?
- Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar?
b. Krama
alus
Basa krama alus yaiku
basa krama sig tembung-tembunge alus lan kecampuran tembung-tembung krama
inggil tumrap wong sing diajak pacaturan.
Penganggone:
- Wong enom marang wong tuwa
- Anak marang bapak utawa ibune
- Putu marang eyang utawa simbahe
- Ponakan marang pakdhe utawa budhene, lan sapanunggalane
- Marang wong sing luwih dhuwir drajade.
- Murid marang gurune.
- Santri marang kyaine
- Andhahan marang pimpinane.
- Abdi utawa rewang marang juragane, lan sapanunggalane.
Tuladhane.
- Panjenengan kersa sare mriki Mbak?
- Panjenengan benjing menapa tamtu tindak?
- Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar