Minggu, 19 Agustus 2018

Gladen 2 lan 3 Sinau Unggah-ungguh Basa Jawa


Pasinaon 2 : Njlentrehake Panganggone Unggah-Ungguh Basa
Adhedhasar garapan 2, kita bisa mbedakake jinise tembung kang ndhapuk anane ragam basa ngoko lan krama. Kepriye carane mbedakake panganggone unggah-ungguh basa?
Setitekna tuladha pacelathon ing ngisor iki!
1
Vivi
:
Assalamualaikum...Ibu, badhe pinanggih Devi.
2
Ibu
:
Waalaikumsalam... O, Mbak Vivi, kene! Kae Devi ing mburi.
3
Vivi
:
Inggih. Ibu badhe tindak pundi?
4
Ibu
:
Daleme Pak RT, arisan. Wis tutugna jagongane!
5
Vivi
:
Inggih, sampun kesupen, mangke kondur ngasta jajan, inggih, Ibu.
6
Ibu
:
Ya.
7
Vivi
:
Dev, piye rasane dinobatne penari cilik sa-kabupaten?
8
Devi
:
Wah...seneng banget!
9
Vivi
:
Dev, sapa sing ngajari kowe nari?
10
Devi
:
Ibuku.
11
Vivi
:
Wiwit kapan kowe latihan nari?
12
Devi
:
TK. Yen ibuku ngajari muride aku ndeleng, ngrusuhi, lan tiru-tiru.
13
Vivi
:
Ngrusuhi? Gak didukani?
14
Devi
:
Ya jelas didukani. Nanging bareng ibu pirsa aku pinter, malah diajari.
15
Vivi
:
Kowe wis tau pentas ping pira ?
16
Devi
:
Gak kena dietung.
17
Vivi
:
Wah, akeh no tarine?
18
Devi
:
Genah.
19
Vivi
:
Apa wae?
20
21
Devi

Vivi
:
:
Gambyong, Srimpi, Remo, Golek, Sekar Kirana, Tunggulwulung, Sekarwilis, Giring Caplokan, Seruni, Sekarpegon, lan liya-liyane. Sing paling kosenengi tari apa?

22
23
24
25
Devi Vivi

Devi Vivi
:


:
:
Sekar Kirana Nyapa?
Nyritakake wong wadon sing ayu nanging gagah, dadi teliksandi kanggo nglawan penjajah.
Dev, apa cita-citamu?
26
Devi
:
Penari kondhang, nyipta tari khas saka desaku, sukses sing penting bisa dadi dermawan....
27
Vivi
:
Sukses ya Dev....

Setitekna pethikan pacelathon/drama ing ngisor iki!
1
Dayang Ceplis
:
“Ndara Putri, kok Panjenengan ketingal sayah. Kula pijeti
kersa?”
2
Nyai Baka
:
“Yo kene ndang pijetana. Karo aku ki pengin takon.”
3
Dayang Ceplis
:
“nDangu menapa ta, Ndara Putri?”
4
Nyai Baka
:
“Aku ki arep takon. Jamu nggo diet ki apa ta?”
5
Dayang Ceplis
:
“Lah kok Panjenenganipun mundhut pirsa kula ta, Ndara?”
6
Nyai Baka
:
“Ya, aku ki kepengin kaya awakmu sing singset kuwi lo!”
7
Dayang Ceplis
:
“O,  kula niki mboten diet Ndara, namung  sregep Senin
Kemis. Kenging napa Ndara kok ngersakaken diet niku?”
8
Nyai Baka
:
“Ngene lho, Ndara Kakung ki ngersakne aku diet,
ngendikane, lha pipiku ketok ginuk-ginuk saiki.”
9
Dayang Ceplis
:
O... ?

Gladen 2 Tugas Mandiri
Sarampunge nyetitekake pacelathon/pethikan drama ing dhuwur, jangkepana tabel ing ngisor iki! Kalebu ing ragam basa apa ukara-ukara iki!

No
Ukara
Ragam Basa

1
Assalamualaikum...Ibu, kula kepengin pinanggih Devi.
.....................

2
Waalaikumsalam... O, Vivi, kene! Kae Devi ana mburi.
.....................

3
Inggih, Ibu badhe tindak dhateng pundi?
.....................

4
Daleme Pak RT, arisan.
.....................

5
Wis, tutugna jagongane!
.....................

6
Inggih, sampun kesupen, mangke kondur ngasta jajan, inggih, Ibu.
.....................


7
Dev, sapa sing ngajari kowe nari?
.....................
8
Ya jelas didukani.
.....................
9
Nanging bareng ibu pirsa aku pinter, malah diajari.
.....................
10
Ndara Putri, kok Panjenengan ketingal sayah. Kula pijeti kersa?
.....................
11
Aku ki arep takon. Jamu nggo diet ki apa ta?
.....................
12
“Ngene lho, Ndara Kakung ki ngersakne aku diet, ngendikane, lha pipiku ketok ginuk-ginuk saiki.”
.....................

Gladen 3 Tugas Kelompok
Adhedhasar wangsulanmu, para siswa bisa nggolongake panganggone basa manut unggah-ungguhe.Garapen karo kanca sakbangkumu!
No
Jinise unggah-ungguh
Pangetrape ing rembugan
Tuladha




1



Ragam ngoko lugu
Wong tuwa marang wong enom
Ibu : “Guntur, jupukna sapu ning njero kunu!”
Alfan : “Inggih, Bu, sekedap, kula pendhetaken sapune”. 
Kanca sakumuran
......................
......................
Kakang marang adhine
......................
......................


Ragam ngoko alus
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................


2
......................
......................
......................
......................






3

Ragam krama lugu
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................


4

Ragam krama alus
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................

Gladen 2 lan gladen 3 dikerjaake ing buku tulis!

1 komentar: